I. SERAT WEDHATAMA
PUPUH KINANTI
Tembung
kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in tegese padha karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi
tegese dikanthi, dituntun, digandheng,
atawa diarahke.
Kinanthi
Marma den taberi
kulup,
Angulah lantiping
ati,
Rina wengi den
anedya,
Pandak panduking
pambudi,
Bengkas kahardaning
driya,
Supaya dadya utami.`
Maka rajinlah anak-anakku,
Belajar menajamkan hati,
Siang malam berusaha,
merasuk ke dalam sanubari,
melenyapkan nafsu pribadi,
Agar menjadi (manusia) utama.
ü
Pupuh kinanthi ing serat wedhatama ngemot
tembang cacahe 19 padha (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka
tembung marma tekan tembung utami.
ü
Guru gatra saben sapadane tembang Kinanthi ana 6
gatra utawa larik.
ü
Guru lagune tembang kinanthi yaiku : u, i, a, i,
a, i
ü
Guru wilangane tembang kinanthi iku : 8 8 8 8 8 8
ü Guru
wilangan lan guru lagu : 8u 8i 8a 8i 8a 8i
PUPUH DHANDHANGULA
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliho manungso kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sukur oleh wong tapa
Ingkang wis amungkul
Tan mikir pawewehan liyan
Iku pantes sira gurunono kaki
Sartane kawruhana
Tegese:
Yen kowe njaluk nasehat seko aku
Piliha manungso kang sejati
Sing becik martabate
Sarta kang ngerti hukum
Kang taat ibadah lan nglakoni ajaran agama
Apa maneh entok wong kang seneng prihatin
Sing wis mumpuni
Sing mikirake menehane wong liya
Iku pantes berguru karo deweke
Serta sinau marang dheweke
Amiliho manungso kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sukur oleh wong tapa
Ingkang wis amungkul
Tan mikir pawewehan liyan
Iku pantes sira gurunono kaki
Sartane kawruhana
Tegese:
Yen kowe njaluk nasehat seko aku
Piliha manungso kang sejati
Sing becik martabate
Sarta kang ngerti hukum
Kang taat ibadah lan nglakoni ajaran agama
Apa maneh entok wong kang seneng prihatin
Sing wis mumpuni
Sing mikirake menehane wong liya
Iku pantes berguru karo deweke
Serta sinau marang dheweke
Makna:
- Tembang iki mbahas cara milih guru kang bener
- Cara milih guru kang bener yaiku miliha wong kang becik martabate, taat aturan, sregep ngibadah, lan ora pamrih
- Cara milih guru kang bener yaiku miliha wong kang becik martabate, taat aturan, sregep ngibadah, lan ora pamrih
ü
Pupuh Dhandhanggula ing serat Tripama ngemot
tembang cacahe 17 padha (bait).
ü
Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben
sapada, Guru gatrane dhandhanggula ana 10.
ü
Guru lagune : i a e u i a u a i a
ü
Guru wilangan : 10 10 8 7 9 7 6 8 12 7
ü Guru
lagu lan wilangan : 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
Sumber:
Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3
II. GEGURITAN
Geguritan
iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran. Cacahe larik,
wanda, padha, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane bebas.
Unsur
intrinstik geguritan ,yaiku :
1.Tema
Mujudke
gagasan pokok kang disuguhake denging penganggit
2.Citraan
Gambaran
angen angen utawa imajinasi penganggit kang kalariake liwat indra
3.Diksi
Pilihan
tembung uga diarani Diksi,kanggo nasilake geguritan kang trep ,panganggit
mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk
4.Gaya
Bahasa
Liwat
asil karyane penganggit uga kepingin ngandharake rasa prangsane
Supaya
bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor:
a.
Maca kanthi premati, yen perlu bolan baleni
b.
Nggatekake ubungane saben larik, banjur menehi
tanda ngaso ( / ) utawa sigeng ( // ).
c.
Golek tegese tembung tembung kang angel utawa
aneh. Bisa tegese lugu, entar, lambang.
d.
Golek pesan utawa amanat kang dikarepake dening
panggurite.
Tuladha:
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
Penjelasan : Pahlawan nduweni bekti
kang gedhe marang negara,,jiwa raga,bandha donya direlakake amung kanggo
mujudake pangajab yaiku "Merdika"
Amanat : Ngeluhurake derajad
pahlawan.Ngagungake asmane. Ngormati perjuangan.Ora lali dongakake supaya di
tampa ing sisi Allah.
Sekolahanku
(Geguritan.com)
Sekolahanku ….
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku …
Diwulang dening Bapak-ibu Guru
Sekolahanku ….
Sinau, maca buku
Ing Panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya …
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari
penjelasan : geguritan “sekolahanku”
ing duwur nyritakake’ sekolah kuwi panggonane nuntut ilmu.ing sekolah di
wuruk’i ilmu sing manfaat. sakliyane kuwi geguritan iki ugo
ngambarake para guru ugo muruk’i kita yoknopo carane menghormati sing luwih tua
lan sapodo-podo.
Amanat : sing kadudut saka
geguritan ing dhuwur,kita dadi murid kudu manut marang guru lan wong sing luwih
tuwo.sergep sinau supaya bisa nggayuh cita-cita lan dadi wong sing manfaat
kanggo nusa lan bangsa.
Sumber : http://dimas212bayu.blogspot.com/
Sumber:
Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3
III. BUSANA ADAT
Ajining
dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono kui
unen unen jawa supaya wong jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan
ngetrepake busana utawa pakaian.
Kebaya
Kebaya yaiku blus tradisional
kang di enggo wong wadon ing Indonesia. Kebaya digawe saka bahan kang tipis lan
biyasane dienggo karo sarung slendhang, Jarik utawa Bathik. Kebaya uga kena
dienggo karo songket lan klambi tradhisional liyane. Kebaya asale saka tembung
arab abaya kang tegese kebaya sandhang. Sadurunge taun 1600
ing Pulo Jawa, kebaya mung dienggo karo kaluwarga krajan. Ing jaman
jajahan Belanda wong Eropa banjur nganggo kebaya. Kebaya dadi klambi resmi.
Kebaya banjur di variasi bentuk lan motife, ana kang nganggo kain sutra, nganggo
sulaman werna-werna. Saiki kebaya uga dhimodifikasi karo rok lan clana jean.
Kebaya uga nduweni model kang werna-werna. Ana kang simetris lan asimetris.
Kebaya dimodifikasi karo payet,bordiran, lan renda-renda. Saben dhaerah ing
Indonesia nduweni kebaya khas dhewe dhewe kayata Kebaya Jawa, Kebaya Bali, lan
liyan-liyane.
Kebaya Jawa kaperang dadi 2
yaiku Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta. Dene kebaya iku uga ana kebaya jenise
tradhisional lan modern. Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta nduweni ciri kang
dadi pambeda yaiku ing bagean kerah. Ing Kebaya Solo nduweni kerah kotak (kutu
baru) dene kebaya Yogyakarta nduweni kerah bentuk V. Kebaya tradhisional inggih
punika kebaya kang nduweni model klasik utawa durung ana modhifikasi lan
nduweni kesan sederhana. Dene Kebaya Modern inggih punika kebaya kang wis
ngalami perkembangan jaman saiki lan nduweni model maneka warna.
Sumber:
Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3
IV. GAMELAN
Gamelan iku
mujudake piranti musik jawa padatan kanggo panggiring tembang. Tumrape wong
urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi
utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa menawa mau nalika ngrasakake swara
gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik jawa kan
ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang jawa kang umume
diarani gendhing.
Gamelan
Gamelan yaiku salah sawijining alat musik tetabuhan
tradisional saka Indonesia sing biasane dinggo ngiringi tembang, utowo dinggo
ngiringi wayang. Ing adat jawa, masyarakat jaman biyen sakdrunge mainke gamelan
wajib ngadakake ritual sesajen.
Miturut kepercayaan Jawa, gamelan digawe dening dewa sing mrentah tanah Jawa, yaiku Sang Hyang Guru sing manggon ing Gunung Mahendra utawa saiki luwih misuwur minangka Gunung Lawu. Dadi ing jaman kuna, gamelan digawe lan digunakake kanggo komunikasi dewa-dewa liyane.
Miturut kepercayaan Jawa, gamelan digawe dening dewa sing mrentah tanah Jawa, yaiku Sang Hyang Guru sing manggon ing Gunung Mahendra utawa saiki luwih misuwur minangka Gunung Lawu. Dadi ing jaman kuna, gamelan digawe lan digunakake kanggo komunikasi dewa-dewa liyane.
Gamelan digunakake minangka sarana upacara adat utawa keagamaan. Amarga gamelan nduweni nilai-nilai religius sing bisa maringi suasana adem lan tentrem. Gamelan uga digunakake kanggo sarana dakwah ing islam. Lan biasane gamelan uga dinggo ngiringi wayang utowo ketoprak.
Ndamel gamelan iku ora gampang, amargi mung para pengrajin
sing sampun paham sing saget ndamel. Wong sing bisa mainke gamelan uga wong
sing sampun mangerteni gamelan utawa wong sing sepuh sepuh. Biyen tasih katah
bocah sing bisa mainke gamelan, nanging sak niki katah bocah sing ora bisa
mainke gamelan.
Sak durunge nggawe gamelan para pengrajin gamelan ing daerah jawa kudu ngadakake ritual. Ritual kasebut yaiku ritual gongso utowo đisebut ritual keselamatan gamelan. Para pengrajin kudu nglakoni pasa senin kamis sak durunge nggawe gamelan. Para pengrajin percaya yen ritual iku bisa maringi kelancaran lan dadi ritual kang wajib dilakoni.
Sak durunge nggawe gamelan para pengrajin gamelan ing daerah jawa kudu ngadakake ritual. Ritual kasebut yaiku ritual gongso utowo đisebut ritual keselamatan gamelan. Para pengrajin kudu nglakoni pasa senin kamis sak durunge nggawe gamelan. Para pengrajin percaya yen ritual iku bisa maringi kelancaran lan dadi ritual kang wajib dilakoni.
Ing jaman biyen, ora saben wong bisa mainke Gamelan. Mung para
abdi dalem pilihan sing bisa dadi penabuh gamelan sing disebut niyaga. Para
abdi dalem iku kudu nglakoni ritual pasa lan ngresiki awak sadurunge mainke
gamelan. Sak lajengipun ana kegiatan sing kudu dilakoni yaiku para abdi dalem
sak durunge pementasan yaiku kudu nggawa kurban utowo sesajen.
Kabeh perkara sing ana gegayutan karo mistik sing ana ing gamelan, kayata: kudu nggawe kurban sadurunge kinerja, kudu ngadusi gamelan, lan kudu pasa sak durunge nggawe lan mainke gamelan. Ritual iku ing jaman biyen katah sing pada percaya lan ngelakoni. Nanging sak niki para pengrajin ana sing percaya lan ora. Biasane wong jawa tasih migunakake ritual menika. Sebab katah sesepuh sing tasih percaya lang ngurmati leluhur.
Kabeh perkara sing ana gegayutan karo mistik sing ana ing gamelan, kayata: kudu nggawe kurban sadurunge kinerja, kudu ngadusi gamelan, lan kudu pasa sak durunge nggawe lan mainke gamelan. Ritual iku ing jaman biyen katah sing pada percaya lan ngelakoni. Nanging sak niki para pengrajin ana sing percaya lan ora. Biasane wong jawa tasih migunakake ritual menika. Sebab katah sesepuh sing tasih percaya lang ngurmati leluhur.
Sesajine yaiku pitik ingkung, sego tumpeng, lan gedhang.
Tradisi iki mbiyen kerep dilakoke karo keraton sadurunge nggawe gamelan sing
arep didadekne benda pusaka. Ritual iki mung dadi wujud syukur lan permohonan
supaya nggawene gamelan lancar. Nanging ing zaman saiki, ritual sing dilakoake
abdi dalem keraton Surakarta sadurunge nggawe gamelan iki wis langka.
Alat musik gamelan ing jaman sing uwis modern niki uwis ora katah sing nggunakake ritual-ritual kangge ndamel gamelan amarga masyarakat uwis ora percoyo kalih hal-hal sing mistis. Sesaji lan ritual kayata kudu ngadusi gamelan uwis ora katah sing nglakoni malih amarga wong-wong wis ora nganggep penting hal-hal sing mistis kui. Nggunakake alat musik gamelan ing jaman saiki mboten dibatesi, mboten sami kalian ing jaman mbiyen sing mung abdi dalem sing saged nggunakake.
Alat musik gamelan ing jaman sing uwis modern niki uwis ora katah sing nggunakake ritual-ritual kangge ndamel gamelan amarga masyarakat uwis ora percoyo kalih hal-hal sing mistis. Sesaji lan ritual kayata kudu ngadusi gamelan uwis ora katah sing nglakoni malih amarga wong-wong wis ora nganggep penting hal-hal sing mistis kui. Nggunakake alat musik gamelan ing jaman saiki mboten dibatesi, mboten sami kalian ing jaman mbiyen sing mung abdi dalem sing saged nggunakake.
Sumber:
Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3
V. AKSARA JAWA
Aksara jawa
uga diarani mawa jeneng aksara Hanacaraka.
Jeneng “Hanacaraka” dijukuk saka urutan limang aksara wiwitane. Urutan
dasar aksara jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan ngelambangake kabeh
fonem basa jawa.
Kanggo
ngunekake aksara nglegena kui mau, aksara jawa uga dilengkapi sadhangan swara,
sandhangan panyigeng wanda, lan sandhangan wyanjana.
Saliyane
aksara nglegena, pasangan, lan sandhangan ing duwur, aksara jawa uga duweni
aksara murda kanggo nulis hurup kapital, aksara swara kanggo nulis huruf vokal
( a i u e o), aksara rekan kanggo nulis huruf manca kan dicethakake (tembung
arab : kha, dza fa/va, za, gha), lan aksara wilangab kanggo nulis angka.
ü
Aksara
Murda lan pasangane
ü
Aksara
Rekan lan pasangane
ü
Aksara
Wilangan
ü
Tanda
baca
Sumber:
Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3







